Ads Top

Pantun Bahasa Jawa Lucu



Bolongan apa tah sing isa ngemut
ya kuwi sing di arani tutuk
jare Durno, bojone jaran
dede kulo, anakke setan

Bude teko nggowo bolu…
Ngakune joko anake telu
mangan jadah, enteke telu
najan simbah, adhi kelasmu

siji loro telu papat
lima enem pitu wolu
biji loro tetep hebat
angger kembang melu ngguyu

Etan Gunung Kulon Gunung
Tengah Tengah Ono Segoro
Ijik Urip Ojo Bingung-Bingung
Printahe Allah Ndang Lakonono

Manuk manyar,
menclok nang tetean..
Duwe pacar,
ndina-ndina fesbukan..

Tuku rambutan,
nang prapatan..
Nek sekolah kerudungan,
Nek nang ngumah tank topan.

tuku areng karo manggis,
kintir banyu tekan bekasi,
awakku ireng tapi manis,
rodo lemu tetep sekksi.

dolanan boto nganti peteng,
sedino mung mangan markisa karo delima,
aku iki sih joko meskipun ganteng,
mungkin terlalu setia karo cinta pertama.

dulure kuntilanak jenenge hantu,
ketabrak becak langsung mental,
paling penak duwe pacar aku,
turu ngglethak gak perlu bantal.

plastik kresek wadah mahoni,
plastik ireng nggo wadah jagung,
irung pesek tansah ngangeni,
gawe seneng tur pengin ngambung.

esuk-esuk moco koran,
suguhane acar karo gorengan,
moto ngantuk gelagapan,
nelpon pacar keliru selingkuhan

numpak becak tuku sandal,
sandal nyeblok kelangan mangewu,
ojo ngaku penak yen durung njajal,
ojo mbengok yen durung mlebu.

ono wong edan gowo katok ijo,
suoro samar² gak perlu dirungokno,
wayah udan paling enak sing duwe bojo,
mlebu kamar langsung ucul clono.


cublek-cublek suweng,
suwenge teng gelenter,
ngubek-ngubek sor weteng,
anake pating kececer.

kayu cilik ng pinggir dalan,
terong cilik ng tegalan,
ayu sithik gawe rebutan,
bolong sithik gawe rogohan.

ngetan bali ngulon,
ketemu piting putung supite,
jare kekancan kok wani kelon,
bareng mlenthing bingung nyebutke bapak’e.

nyuloh kodok tekan Tayu,
bareng  mulih lali dalane,
golek wong wedok gak perlu ayu,
penting sugih akeh bandane.

manuk kutilang dicolong maling,
maling di banting poklek tangane,
pacar ngilang ojo di eling-eling,
paling penting ngilangke nyawane.

Demikian Pantun Bahasa Jawa yang dapat admin suguhkan. Semoga bermanfaat.

1 comment:

Powered by Blogger.